sugeng rawuh sedaya mawon

sugeng rawuh kanca-kanca yuk sami gabung

Jumat, 15 Maret 2013

geguritan 1

GURUKU Sutikno. Blora Aku krungu Jarena guru iku ora kena digugu lan ditiru Aku krungu Jarenen guru iku yen ora wagu ya saru Sedina Sesasi Setaun Aku digulawenthah Nyatane Guruku ya tetep guru Sing kudu tak gugu lan taktiru Tansah paring dhawuh Tansah paring pituduh Tansah paring sesuluh Supaya aku bisa weruh Bab apa bae kanthi wutuh Guru Pangestu lan dongamu Kang tansah tak antu LPMP, 24 Maret 2012

geguritan

ANAKKU Kaanggit dening pake Wawa Nduk…. Cah ayu anakku, sing ati-ati Aja lali isuk sekolah sore ngaji Sangu urip celengan mati Ngger… Cah bagus anakku, sing sregepa Aja lali budhal sekolah, ndedongaa Golek gaman kanggo urip neng donya. Nduk … Ngger … Cah ayu anakku, cah bagus anakku Eling-elinga Welinge gurumu Kang rinakit ing kinanthi iku “Yen ta dadi murid iku, Sinaua kanthi tertib, Aja seneng dolan-dolan, Prayogane tambah ngaji, Lan uga katambah pasa, Ndadekake ati suci” Nduk…, Ngger … Cah ayu anakku, cah bagus anakku Sing ati-ati Sing sregepa Elinga dadi murid wajib sinau uga ngaji. JIMATKU Kaanggit dening Pake Wawa. Jimat… Iki dudu siji kang diemat-emat Jimat… Iki dudu barang aji kang kuwat Jimatku mung pitutur luhur kang suci Saka guruku kang sumimpen ing ati Kanggo mecaki dalaning urip nganti tekaning pati Guru, maturnuwun piwucalipun Guru, maturnuwun pangrehipun Guruku, maturnuwun panggulawenthahipun Jimat… Dudu wesi aji kang kuwat Jimat… Dudu sesaji lan berkat Jimatku mung patuladhan tindak tanduk, Saka guruku kang takanggep sekar cunduk, Kang tansah mekar tanpa mingkup. Guru, maturnuwun pituturipun, Guru, maturnuwun Nasehatipun Guuruku maturnuwun sedayanipun.

Sabtu, 22 Oktober 2011

nyanyi bro

murid kang bercik


   ?murifK=becik\,
murifHikuk[go[l=o[gnersipenerus[b=os,k=bklPinri=znWrisHwujufB|mip]tiwi,supynerusS[kmzun×[sBoslnTnhwuthgetihk=ksi[lLkfuluwihbecikTinimB=saiki,yaiku: ngrI[nDo[nsiyhtetepLestrim/fik, adds/pvCsil,rkY[tTtttenÒ~m\k/tra/j,syegR|kuns[akkpTiafilmkM|/wrt.

Minggu, 24 Juli 2011

KETHOPRAK

SERAT TRIPAMA


SERAT TRIPAMA
Anggitanipun K.G. P. A. A. Mangkunagara IV
Dhandhanggula

Yogyanira kang para prajurit, lamun bisa sira anulada, kadya nguni caritane, andelira sang Prabu, Sasrabahu ing Maespati, aran Patih Suwanda, lelabuhanipun, kang ginelung tri prakara, guna kaya purun ingkang den antepi, nuhoni trah utama.

Lire lelabuhan tri prakawis, guna bisa saniskareng karya, binudi dadi unggule, kaya sayektinipun, duk mbantu prang Manggada nagri, amboyong putri dhomas, katur ratunipun, purune sampun tetela, aprang tandhing lan ditya Ngalengka aji, Suwanda mati ngrana.

Wonten malih tuladan prayogi, satriya gung Nagari Ngalengka, Sang Kumbakarna namane, tur ika warna diyu, suprandene nggayuh utami, duk awit prang Ngalengka, dennya darbe atur, mring raka amrih raharja, Dasamuka tan keguh ing atur yekti, de mung mungsuh wanara.

Kumbakarna kinen mengsah jurit, mring kang raka sira tang lenggana, nglungguhi kasatriyane, ing tekad datan purun, amung cipta labuh nagari, lan nolih yayah rena, myang leluhuripun, wus mukti aneng Ngalengka, mangke arsa rinusak ing bala kapi, punagi mati ngrana.

Yogya malih kinarya palupi, Suryaputra narpati Ngawangga, lan pandhawa tur kadange, len yayah tunggil ibu, suwita mring Sri Kurupati, aneng nagri Ngastina, kinarya gul-agul, manggala golonganing prang, Bratayuda ingadegken senapati, ngalaga ing Korawa.

Minungsuhken kadang pribadi, aprang tandhing lan sang Dananjaya, Sri Karna suka manahe, dene sira pikantuk, marga dennya arsa males sih, ira sang Duryudana, marmanta kalangkung, dennya ngetog kasudiran, aprang rame Karna mati jinemparing, sumbaga wirotama.

Katri mangka sudarsaneng Jawi, pantes lamun sagung pra prawira, amirita sakadare, ing lelabuhanipun, aja kongsi mbuwang palupi, manawa tibeng nistha, ina esthinipun, sanadyan tekading buta panduming dumadi, marsudi ing kotaman.

Sabtu, 23 Juli 2011

Sesanti


A.                SESANTI/SEMBOYAN

       Sesanti/semboyan yaiku ukara kang isine pepuji utawa donga, tekad kang kuwat, pangarep-arep utawa pituduh kanggo tuntunan urip ing bebrayan. Kadhangkala sesanti iku tinemu ing paribasan, nanging ora mesthi sesanti awujud paribasan.
Miturut isine sesanti/semboyan kaperang dadi telung warna :
1.      Isine semboyan kanggo nggedhegake semangat.
Tuladha :
a.       Rawe-rawe rantas malang-malang putung
Tegese  :  sapa bae kang ngalang-ngalangi kekarepane kena disirnakake (dipateni)
b.      Sadumuk bathuk sanyari bumi
Tegese  :  Nglabuhi pepati marang bebener.

2.      Isine donga utawa pepuji pangarep-arep (harapan)
Tuladha :
a.       Jembara kubure, padhanga dalane
Tegese  :  Donga pangarep-arep supaya gampang anggone sowan marang Gusti
                 Kanggone wong sing tilar donya.
b.      Adhang-adhang tetesing embun/ ngenteni tetesing embun
Tegese  :  Njagakake barang mung saolehe bae/ njagakake barang sing ora mung-
                 Kin klakon.



                               ?ajini=dirisklqi,ajini=rgskbusn.

3.      Isine pituduh kanggo tuntunan urip ing bebrayan.
Tuladha :
a.       Yatna yuwana, lena kena.
Tegese  :  Sing sapa ngati-ngati bakalnemu slamet, sing sapa ora ngati-ngati bakal
                 Nemu cilaka
b.      Wong enom aja wedi ing angel, nanging wedia ing gampang
Tegese  :  Wong enom iku kudu wedi ngadhepi samubarang kang angel lan akeh
                 Tantangane sarta aja mung seneng ngadhepi samubarang kang gam   -
                  Pang kelakone.