sugeng rawuh sedaya mawon

sugeng rawuh kanca-kanca yuk sami gabung

Jumat, 15 Maret 2013

geguritan

ANAKKU Kaanggit dening pake Wawa Nduk…. Cah ayu anakku, sing ati-ati Aja lali isuk sekolah sore ngaji Sangu urip celengan mati Ngger… Cah bagus anakku, sing sregepa Aja lali budhal sekolah, ndedongaa Golek gaman kanggo urip neng donya. Nduk … Ngger … Cah ayu anakku, cah bagus anakku Eling-elinga Welinge gurumu Kang rinakit ing kinanthi iku “Yen ta dadi murid iku, Sinaua kanthi tertib, Aja seneng dolan-dolan, Prayogane tambah ngaji, Lan uga katambah pasa, Ndadekake ati suci” Nduk…, Ngger … Cah ayu anakku, cah bagus anakku Sing ati-ati Sing sregepa Elinga dadi murid wajib sinau uga ngaji. JIMATKU Kaanggit dening Pake Wawa. Jimat… Iki dudu siji kang diemat-emat Jimat… Iki dudu barang aji kang kuwat Jimatku mung pitutur luhur kang suci Saka guruku kang sumimpen ing ati Kanggo mecaki dalaning urip nganti tekaning pati Guru, maturnuwun piwucalipun Guru, maturnuwun pangrehipun Guruku, maturnuwun panggulawenthahipun Jimat… Dudu wesi aji kang kuwat Jimat… Dudu sesaji lan berkat Jimatku mung patuladhan tindak tanduk, Saka guruku kang takanggep sekar cunduk, Kang tansah mekar tanpa mingkup. Guru, maturnuwun pituturipun, Guru, maturnuwun Nasehatipun Guuruku maturnuwun sedayanipun.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar