sugeng rawuh sedaya mawon

sugeng rawuh kanca-kanca yuk sami gabung

Jumat, 22 Juli 2011

Ajisaka gawe aksara jawa

Ajisaka Nganggit Aksara Jawa
Prabu Ajisaka metu saka kraton. Kelingan cantrike loro, kang ditinggal ana ing Pulo Majethi yaiku Dora lan Sembada. Pangandikane :”si Dora lan si Sembada ora wani nusul, amarga wedi nerak welingku, heh Duga lan Prayoga, sira padha menyanga ing pulo Majethi, si Dora lan si Sembada timbalana, kagunganku keris supaya digawa”. Cantrik loro banjur budhal.
Cantrik loro si Dora lan Sembada kang wis suwe ditinggal ana pulo Majethi, wis krungu pawarta yen gustine dadi ratu ing Medhangkamulan, arep nusul nanging wedi, amarga welinge Ajisaka sapa-sapa sing nimbali kowe utusan mundhut keris iki, aja gelem lan aja kokwenehake, yen dudu aku dhewe kang njaluk. Pungkasane si Dora nerak welinge gusti. Nusul ora kandha karo kancane. Ana ing dalan kepethuk utusan kalorone ya si Duga lan Prayoga. Wong katelune banjur padha bali menyang ing Medhangkamulan sowan ing ngarsane Prabu Ajisaka. Sang Nata ndangu :”Heh Dora, sira teka dhewe kancamu si Sembada ana ngendi dene ora bareng karo kowe ?” Dora wangsulan :” Mila kula sowan piyambak awit Sembada kula ajak mboten purun”.
Prabu Ajisaka banget anggone duka ngerteni ature Dora, kelalen weweling kaya kang wis kasebut ing ngarep mau, banjur ngendika,”Heh Dora, balia menyang pulo Majethi, timbalana si Sembada, yen meksa ora gelem, yen ngengkel patenana, sirahe aturna marang aku. Sira mung tak wenehi wektu sepasar”. Dora munjuk sendika banjur mangkat.
Lakune Dora tekan pulo Majethi, kepethuk karo Sembada. Sembada banjur takon :”Saka ngendi kowe Dora ?” Dora semaur,” Aku nyusul Gusti Ajisaka. Gusti saiki wis jumeneng ratu ana negara Medhangkamulan, aku diutus nimbali kowe, klebu sing kokopeni kabeh.”
Cepete crita Dora njaluk sing diopeni Sembada klebu pusakane Ajisaka dijaluk, merga dheweke diutus Ajisaka. Nanging Sembada ora menehake amarga wis diweling dening Ajisaka lamun sapa wae sing njaluk pusakane kuwi aja diulungake saliyane sing njaluk Ajisaka dhewe. Sabanjure Dora rumangsa ora dipercaya dening Sembada, merga dheweke iku tenan-tenan diutus Ajisaka, nanging Sembada tetep netepi dhawuhe Ajisaka. Wusana kalorone kerengan, kalorone suduk-sudukan tekane mati sampyuh.
Amarga wis sawetara wektu Dora kang diutus ora bali-bali, banjur Prabu Ajisaka dhawuh marang Duga lan Prayoga supaya nyusul menyang pulo Majethi. Nanging apa kang ditemoni, lamun Dora lan Sembada tinemu mati sampyuh. Duga lan Prayoga banjur ngunjuk atur marang gustine.
Bareng wis rampung ngrungokake palapurane Duga lan Prayoga, Prabu Ajisaka ngelus dhadha ngrumangsani yen kabeh mau iku kaluputane. Dheweke tau meling marang Sembada supaya ngeling-eling lan nindakake dhawuhe, wusana malah diterak dhewe.
Anggraita lelakon kang wis kelakon, Prabu Ajisaka banjur nganggit aksara Jawa cacah rong puluh kang dicundhukake karo lelakone Dora lan Sembada. Dene pratelane aksara
Jawa kaya mangkene :
a n c r k Ha Na Ca Ra Ka Tegese: Ana utusan
f t s w l Da Ta Sa Wa La Tegese: Ora suwala (ora mbadhal dhawuh)
p d j y v Pa Dha Ja Ya Nya Tegese: Padha sektine
m g b q z Ma Ga Ba Tha Nga Tegese: Loro-lorone dadi bathang.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar