sugeng rawuh sedaya mawon

sugeng rawuh kanca-kanca yuk sami gabung

Sabtu, 23 Juli 2011

pidhato klas IX


TANGGAP WACANA PEPISAHAN SAKING WAKIL MURID KELAS IX

Assalamu’alaikum wr. wb.
            Bapak kepala sekolah ingkang kula kurmati.
Bapak/Ibu Guru ingkang dahat kinurmatan. Kanca-kanca saha adhik-adhik ingkang kula tresnani.
            Puja-puji syukur dhumateng Gusti ingkang Maha Agung, ingkang sampun angluberaken rahmat sarta hidayah. Dene kula panjenengan sami saged makempal wonten ing aula sekolah mriki, kangge ngawontenaken pepisahan siswa lan siswi kelas IX.
            Bapak/Ibu Guru ingkang dahat kinurmatan, boten kesupen kula minangka wakilipun siswa-siswi kelas IX, ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa upami. Awit keikhlasan saha sih katresnan Bapak saha Ibu Guru anggenipun nggulawenthah dhumateng para siswa. Saengga saged ngrampungaken kewajiban ingkang sampun kalampahan sadangunipun tigang taun, kanthi angsal Serat Tandha Tamat Belajar.
            Sadangunipun tigang taun kula ngangsu kawruh ing pawiyatan punika, wonten ing panggulawenthahipun, ngantos wonten pertalian batos saengga karengkuh kados putra-putri piyambak.
            Bapak/Ibu Guru tuwin adhik-adhik kelas VII lan VIII ingkang kula tresnani, sakedhap malih kula sakanca badhe nilaraken sekolah ingkang satuhu kula tresnani. Awrat anggen kula matur kados pundit awratipun nilar Bapak/Ibu Guru saha adhik-adhik ing mriki. Ananging kawontenan kedah makaten, pramila kanthi awrating manah, kapeksa kula kaliyan kanca-kanca nilaraken Bapak/Ibu Guru saha adhik-adhik kelas VII saha VIII. Sanadyan ta sampun pepisahan ingkang ateges tebih ing netra, mawantu-wantu kula tansah nyenyuwun supados taksih caket ing panggalih.
            Pawiyatan ingkang sampun mataun-taun sampun tansah cinaketan kaliyan kula. Kula sakanca rumaos cuwa ing panggalih, badhe nilaraken pawiyatan punika. Wonten pepatah wonten pepanggihan tamtu badhe wonten pepisahan, punika kados sampun kinodrat boten kenging dipunewahi malih.
            Kula sakanca kelas IX ingkang badhe nilaraken pawiyatan punika, tansah nyenyuwun lan ndedonga adhik-adhik sageda kasil anggenipun ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan punika. Kula minangka wakilipun kanca kelas IX, kepingin ngemutaken dhumatheng adhik-adhik kelas VII lan VIII supados tansah sregep anggenipun sinau, supados ing tembe wingkingipun saged pikantuk asil ingkang sae.
            Boten kesupen kula dalah kanca kelas IX ugi tansah memuji dhumateng Gusti ingkang Maha Agung, supados Bapak/Ibu Guru saha adhik-adhik kelas VII lan VIII tansah pikantuk rohmating pangeran, tansah dipunparingi kawilujengan boten wonten alangan setunggal punapa. Amin.
            Kula kinten boten prayogi manawi atur pamitan punika kula panjang wiyaraken. Kula namung tansah nyuwun donga mugi-mugi kula sakanca sasampunipun medal saking pawiyatan punika, sageda nglajengaken ing pawiyatan ingkang langkung inggil lan tumrap kanca-kanca ingkang boten nglajengaken sageda pikantuk padamelan ingkang samurwat kaliyan pangertosan ingkang sampun tinampi.
            Mbok manawi wonten kirang tata krami anggen kula matur saha sisip sembiring atur, kula minangka wakil saking kelas IX tansah nyuwun agunging pangapunten.
            Bilahit taufik wal hidayah, wassalamu’alaikum wr. wb.  

Tidak ada komentar:

Posting Komentar