sugeng rawuh sedaya mawon

sugeng rawuh kanca-kanca yuk sami gabung

Sabtu, 23 Juli 2011

Jinising wayang


A. JINISING WAYANG

            Wayang kalebu salah sawijining ewoning budaya warisaning leluhur wiwit kuna makuna urip ngrembaka ing bumi nuswantara. Pagelaran wayang iku asli budaya saka nuswantara, dene critane wayang purwa iku asale saka India, saka epos Mahabharata lan Ramayana.
            Miturut jinise, wayang iku werna-werna, kayata:
1. Wayang Purwa
      Wayang purwa nyritakake jaman kadewatan nganti tekan Prabu Parikesit ing Negara Ngastina.
            Lakon wayang purwa kaperang dadi papat, yaiku:
      a.  Kadewatan
      Nyritakake lelakone para dewa wiwit sang Hyang Manikmaya (Bathara Guru) lan        sadulure tuwa Sang Hyang Ismaya (Semar).         
      b.  Arjuna Sasra
Nyritakake perange Prabu Arjuna Sasra ratu ing Maespati mungsuh Prabu Dasamuka    ratu Ngalengka. Patihe Prabu Arjuna Sasra aran patih Suwanda (Raden Sumantri), duwe adhi aran Raden Sukasrana (wujud buta bajang, ala rupane).
      c.  Ramayana
                     Nyritakake perange Prabu Rama ratu ing Pancawati mungsuh Prabu Dasamuka ratu ing Ngalengka. Rama kang prajurite awujud kethek kang dipandhegani deneing ratune kethek, Prabu Sugriwa bisa ngalahake Dasamuka sawadyabalane kang awujud buta.
                       Perange Rama karo Dasamuka jalaran saka murkane dasamuka anggone nyidra (ndhustha) Dewi Sinta, garwane Rama. Wasana dadi perang gedhe kang sinebut Brubuh Ngalengka.
                        Sawise Dasamuka sawadyabalane tumpes, kalebu adhine loro (Kumbakarnna lan Sarpakenaka), dening Prabu Rama kraton dipasrahake  Raden Gunawan Wibisana (adhine Dasamuka kang bagus rupane lan luhur bebudene). Prabu Rama mejang marang Raden Gunawan Wibisana bab tata caraning nyekel panguwasa/paprentahan kang sinebut asthabrata. Kraton Ngalengka banjur diganti jeneng dadi Singgela (Singgelapura). Sawise  Wibisana leren keprabon banjur dipasrahake marang putrane kang aran Bisawarna.
      d.  Mahabharata
            Nyritakake sarasilahe Pandhawa lan Kurawa nganti tekan perang gedhe Bharatayuda Jayabinangun ing Tegal Kurukasetra. Lawase perang nganti wolulas dina. Dene panggedhene Ngastina akeh kang padha gugur ing madyaning paprangan, kayata Resi Bisma, Pandhita Durna, Adipati Karna, Prabu Salya, Patih Sengkuni, lan Prabu Duryudana.
            Mahabharata uga diarani asthadasaparwa sebab ana 18 parwa (perangan/bab), yaiku Adiparwa, Sabhaparwa, Aranyakaparwa, Wirathaparwa,
Udyogaparwa, Bismaparwa, Dronaparwa, Salyaparwa, Karnaparwa, Gadaparwa, Sauptikaparwa, Stripalayaparwa, Santikaparwa, Aswamadhaparwa, Asramawasanaparwa, Mosalaparwa, Prastanikaparwa, lan Swargarohanaparwa.
2. Wayang Madya
Nyritakake wiwit Prabu Gendrayana ing Astina tekan Lembusubrata ing Majapura. Sing dicritakake lakon-lakon sabubare Prabu Parikesit ing Ngastina, yaiku Yudayana, Gendrayana, Sudarsana, lan Jayabaya.
3. Wayang Antara
      Wayang sing ana ing jero kraton kang nyritakake lelakone Sri Gatayu tekan Panji Kudalaleyan.
4. Wayang Beber
Wayang kang anggone mitontonake sarana dibeber (dijereng). Nyritakake lelakone Panji Inu Kertapati, Jaka Kembang Kuning, lan sapanunggalane.
5. Wayang Gedhog (Wayang Wasana)
Nyritakake wiwit Lembusubrata tekan Panji Kudalaleyan ing Pajajaran. Kang misuwur dhewe lakon Panji Putra (Jenggala).
6. Wayang Dupara
      Wayang kang nyritakake lelakone kewan, upamane lakon Kancil.
7. Wayang Klitik (Krucil)
Wayang saka kayu gepeng, tipis. Nyritakake Pajajaran tekan Majapahit, Brawijaya pungkasan. Kang misuwur lakon Damarwulan- Minakjingga.
8. Wayang Golek (Jawa Tengah/ Brebes- Tegal)
Nyritakake lelakone Amir Ambyah (Menak Jayengrana), Umarmaya, Umarmadi. Babone crita saka Serat Menak. Wayang Golek Tegal digunakake kanggo dakwah agama Islam.
9. Wayang Golek Pasundhan (Jawa Barat)
      Wayang saka kayu kawangun golek. Critane saka Mahabharata lan Ramayana.


10. Wayang Jemblung
Wayang saka kayu awangun wong,. Critane bab/saka babad, ing dhaerah pesisir lor pulo Jawa.
11. Wayang Suluh
Wayang saka karton/kardus awangun wong kanggo menehi sesuluh (penerangan) marang masyarakat.
12. Wayang Wahyu
Wayang saka walulang awangun wong. Babon critane saka kitab Injil. Wayang wahyu sing yasa (gawe) Bruder Temotheos kanggo nyiarake agama Kristen. Uga kerep diarani wayang bibel.
13. Wayang Potehi
Wayang kang awujud boneka cilik-cilik. Critane jaman kraton Tartar (Babad Cina).
14. Wayang Wong
Wayang kang ditindakake dening wong minangka wayange. Lakon kang digelar saka crita Ramayana lan Mahabharata.
           
            Wayang Purwa, madya, lan gedhog digawe saka kulit (walulang). Wayang beber digawe saka dluwang kandel, gombal utawa mori. Wayang golek saka kayu awangun reca. Wayang krucil saka kayu awangun gepeng. Wayang suluh digawe saka kardus utawa karton.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar