sugeng rawuh sedaya mawon

sugeng rawuh kanca-kanca yuk sami gabung

Minggu, 24 Juli 2011

SERAT TRIPAMA


SERAT TRIPAMA
Anggitanipun K.G. P. A. A. Mangkunagara IV
Dhandhanggula

Yogyanira kang para prajurit, lamun bisa sira anulada, kadya nguni caritane, andelira sang Prabu, Sasrabahu ing Maespati, aran Patih Suwanda, lelabuhanipun, kang ginelung tri prakara, guna kaya purun ingkang den antepi, nuhoni trah utama.

Lire lelabuhan tri prakawis, guna bisa saniskareng karya, binudi dadi unggule, kaya sayektinipun, duk mbantu prang Manggada nagri, amboyong putri dhomas, katur ratunipun, purune sampun tetela, aprang tandhing lan ditya Ngalengka aji, Suwanda mati ngrana.

Wonten malih tuladan prayogi, satriya gung Nagari Ngalengka, Sang Kumbakarna namane, tur ika warna diyu, suprandene nggayuh utami, duk awit prang Ngalengka, dennya darbe atur, mring raka amrih raharja, Dasamuka tan keguh ing atur yekti, de mung mungsuh wanara.

Kumbakarna kinen mengsah jurit, mring kang raka sira tang lenggana, nglungguhi kasatriyane, ing tekad datan purun, amung cipta labuh nagari, lan nolih yayah rena, myang leluhuripun, wus mukti aneng Ngalengka, mangke arsa rinusak ing bala kapi, punagi mati ngrana.

Yogya malih kinarya palupi, Suryaputra narpati Ngawangga, lan pandhawa tur kadange, len yayah tunggil ibu, suwita mring Sri Kurupati, aneng nagri Ngastina, kinarya gul-agul, manggala golonganing prang, Bratayuda ingadegken senapati, ngalaga ing Korawa.

Minungsuhken kadang pribadi, aprang tandhing lan sang Dananjaya, Sri Karna suka manahe, dene sira pikantuk, marga dennya arsa males sih, ira sang Duryudana, marmanta kalangkung, dennya ngetog kasudiran, aprang rame Karna mati jinemparing, sumbaga wirotama.

Katri mangka sudarsaneng Jawi, pantes lamun sagung pra prawira, amirita sakadare, ing lelabuhanipun, aja kongsi mbuwang palupi, manawa tibeng nistha, ina esthinipun, sanadyan tekading buta panduming dumadi, marsudi ing kotaman.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar