sugeng rawuh sedaya mawon

sugeng rawuh kanca-kanca yuk sami gabung

Sabtu, 16 Juli 2011

Dongeng

Jaka Tingkir lan Baya
Desa Getasaji endah banget sesawangane, dhasar loh palemahane. Ana kaline gedhe sing ngupeng separone desa, banjur disudheti, digawe ilen-ilen kanggo ngelebi sawah, lan nyirami tanduran. Ing satengahe kali ana kedhunge, banyune katon anteng jalaran saka jerone. Ing wayah sore yen disawang kadohan, banyune katon biru maya-maya, mula laladan ing kono uga karan desa BANYU BIRU,
Ing dhukuh kono ana sawijine wong tuwa kan kasdik lan waskitha, karan Ki Buyut Banyu Biru. Akeh kang padha meguru.
Ing sawijining dina nalika Ki buyut lagi linggih ijen awan-awan ana ing pendhapa, dumadakan ana angin sumilir, gawe tentreming swasana. Ki Buyut banjur semedi. Dumadakan tampa wangsit. Atine sakala bungah banget, jalaran miturut wangsit mau arep ana sawjining bom-noman neneka, sedyane arep maguru. Mangka nom-noman mau iku mbesuk kang bakal ngratoni Tanah Jawa.
Ora antara suwe katon ana nom-noman teka, ngaku jenenge Jaka Tingkir ,nembung arep meguru ngangkawruh lan ngelmu .Jaka Tingkir ditampa Ki Buyut.
Kajaba JakaTingkir ing padhepokan kono uga sawijining nom-noman kang meguru .Jenenge Mas Manca,asale saka Desa calpitu ing lerenge Gunung Lawu. Bapake aran Ki Jabaleka , isih turun majapahit .Mas Manca anggone lunga saka desane satemene arep ngembaralan mertapa ing gisike Segara Kidul. Nanging bareng tekan ing Desa Banyubiru ora sida mbacutake laku ,nuli meguru Ki Buyut.
Saben dina Mas Manca lan Jaka Tingkir padha kaperdi ngelmu dening Ki Buyut. Sakarone tumuli disedulurake.
Bareng wis ana telung sasi Jaka Tingkir anggone meguru, K Buyut aweh pitutur, “Ngger, dakkira wis wancine kowe sowan ramamu Sultan. Aja wigah-wigih lan pakewuh, enggal maraka lan ngabekti Kangjeng Sultan. Ing mangsa rendheng iki panjenengane mesthi ngendhaton ing pasanggrahan gunung Prawata. Dene anggonmu budhal mrana bakal dakgawani syarat, wujud lemah sagegem . Yen ana ing dalan kowe mrangguli kebo danu, lemah kuwi lolohna ing cangkeme. Kebomau mesthi banjur mabuk , mlayu nggendring menyang alun-alun pasanggrahan Prawata. Tutna playune kebo mau. Mangertiya ya kuwi jalarane kowe bakal ditimbali maneh dening Kangjeng Sultan”.
Jaka Tingkir banjur nyungkemi Ki Buyut. “Estokna sakabehing piwelingku, ngger,” pituture Ki Buyut. “ Kowe aja budhal ijen, nanging bakal dak kantheni rewang Mas Manca. Mengkono uga sadulurku Ki Wuragil lan Ponakanku Ki Wila kareben ngancani lakumu.”
Esuke Jaka Tingkir budhal numpak gethek. Sangsaya awan panase sangsaya sumelet, lakune gethek wis anjok ing Bengawan Picis kang ngilak-ngilak ambane. Pananse srengenge kaya nggeseng-gesengake awak. Dumadakan ana angin sumiyut, saka ngarep, saka mburi, saka kiwa lan tengen. Getheke kaya-kaya kandheg dening angin koleg. Ora antara suwe katon mendhung ampak-ampak, banjur sakala udan deres. Bareng terang, banyune kedhung saya agung, ombak lan alun saya nggegirisi anggone nyempyok. Gethek kaya diontang-antingake ing banyu. Banget kagete Jaka Tingkir sakancane bareng katon ana baya akeh banget cacahe, padha ngepung gethek, cangkeme pating clangap.
“Wis, aja padha wedi ngadhepi bebaya! Ayo padha ditandhangi, aku sing mandhegani !” mangkono pangabane Jaka Tingkir. Kabeh padha cancut lan siyaga.
Jaka Tingkir waspada. Buntute baya disaut. Sida Kecandhak mak ceg. Buntut baya banjur disendhal. Baya diundha mubeng . Sedyane arep disabetake ing watu gedhe, nanging si baya tumuli jelih-jelih njaluk ngapura.
“Nyuwun ngapunten, Raden ! Nyuwun gesang !” mangkono panyuwune.
Jaka Tingkir ngeculake. Baya gumebrug tiba ing lemah, glangsaran, ambegane melar mingkus.
“Ngaturaken pejah-gesang kula, Raden”, ature baya. “Sajatosipun kula punika ratuning baya ing kedhung srengenge. Nami kula pun Bahureksa.”
“Ya gene kowe ngganggu gawe lakuku ?” Pitakone Jaka Tingkir.
“ Kula sampun mertobat, Raden, “ ature Bahureksa.
“ Apa buktine manawa kowe bisa mertobat lan nungkul marang aku?”pitakone Jaka Tingkir karo malang kadhak
“Lampah panjenengan badhe kula jagi, Raden. Malah wadyabala baya badhe kula kengken nyangga gethek panjenengan ,supados panjenengan mboten sisah melahi.”wangsulane Baureksa.
Ratu baya iku banjur prentah marang baya lan bajul patang puluh cacahe, supaya nyangga getheke Jaka Tingkir.
Barate wis sirep , langite sumilak ,banyune bengawan anteng .
Jaka Tingkir sakkanca mbacutake laku . saiki ora perlu nyatangi utawa melahi, jalaran lakune gethek disangga baya patang puluh cacahe.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar